Babagan budi pekerti kanggone bocah lan nom-noman jaman sekiye, di tengarani wis ora cocog karo karepe wong tuwa mbiyen. Jerene wong tuwa, bocah sekiye wis ora duwe anggah-ungguh. Ora duwe sopan santun. Ora ngandel nek diomongi ora ilok. Sebabe ora pada ngandel merga kakehen nonton acara tivi sing ora gathuk karo budayane dewek. Mulane kudu cepet-cepet di sengkuyung, bocah-bocah di wulang budi pekerti supayane duwe “Karakter wong Jawa”. Aja dadi kaya wong Landa, sing pada ora percaya karo kabeh barang sing ora nalar.
Supayane bocah-bocah duwe karakter Jawa, ya kudu diajari budi pekerti,
tata karma lan sopan santun. Salah sijine, para wong tuwa lan guru kudu
mbiasakna ngomong ora ilok. Umpamane bocah padha takon kenangapa ora
ilok ? dijawab karo ukara sing nalar lan logis. Kuwe nek bisa
dinalar, lha nek ora bisa dinalar ya dijawab “Pokoke ora ilok”, kaya
kuwe bae. Mandan lewih greget maning, nek karo di incim.
Ora ana ceritane wong manut karo ora ilok, wonge dadi bodo utawa ketinggalan jaman. Sing genah, wong sing manut karo ora ilok, wonge dadi wicaksana karo sakebehane pawongan, tanduran, kewan lan ngalam kabeh. Kelakuane lan ucapane andhap ashor, orang mangas karo dunya-brana.
Nalare wong tuwa jaman sekiye uga kudu melu diwalik, yakuwe sing jenenge ora ilok ya pada karo dogma. Ora usah di nalar. Umpamane ana sing bisa diterangna mawi cocog karo nalar lan logika, utawa cocog karo ajaran agama, kuwe mau mung dadi barang kebeneran – ngepasi. Dogma ya dogma, ora ilok ya ora ilok. Pokoke ora ilok.
ORA ILOK :
Angob ora di tutupi - dileboni setan
Aweh sapu karo pucuke - saru
Banyu kumbahan langsung di buwang – bayine kebanjiran
Bujang /prawan nyirami penganten
Bujang gawe anda –
Bujang melu kenduren –
Dolanan beras – tangane puther
Dolanan gaman pas bedug (jam 12 awan) -
Gawe sumur nang ngarep umah -
Haid dondom /njahit -
Lunga pas bedug -
Lunga pas surup – di gawa kelong
Madang karo ceplak -
Madang karo ngomong -
Madang karo turon –
Madang nang lawang –
Madang ora de entekna – pitike mati
Mangan brutu – sering klalen karo ngajog
Mangan karo mlaku – lambene suwing
Mangan karo ngadeg - dadi p
Mangan nyangga piring – ditampik joko (prawan tua)
Mangan nyicipi karo solet -
Mangan tlampik – ditampik bojo
Mbukak payung nang jeron umah – biyunge mati
Mbuwang uwuh nang longan –
Mesusi karo tangan lorone -
Meteng maring kuburan – bayine mati
Meteng mateni kewan – bayine cacad
Meteng metu wengi2 ora nggawa gunting –
Meteng njagong nang tampah –
Nandur gandul nang ngarep umah –
Nandur pring kuning nang ngarep umah –
Nandur kluwih sedurunge duwe putu -
Nembe layat mlebu umah ora wisuh - kena sawan
Ngecungi kuburan – jenthike puther
Ngguyu ngakak (wong wadon) –
Ngidoni sumur – lambene suwing
Ngiris nang muthu –
Nglangkahi walesan (pancing) – dadi kebluk
Nglebokna suluh nang pawon karo sikil - babaran bareng karo ngising
Nguleg bumbu ganti tangan – ora enak
Niliki tempe (wis dadi apa urung) – “tempene” di tiliki wong liya
Njagong karo jegang (kanggone wong wadon) –
Njagong nang lawang - ora payu mbojo / dadi prawan tua
Njagong nang meja –
Njagongi kampil – bokonge wudunen
Nyapu ora resik – bojone rowas-rawes – brewokan
Nyapu wengi-wengi –
Randa / duda pegatan nyirami penganti
Sepit nglangkahi mbelek –
Sepit nglangkahi alu –
Singsot wengi-wengi -
Tangi turu kawanen – rejekine dithothol pitik
Tangi turu kedisitan pitik - marakna sebel
Tuku dom/peso wengi-wengi – disalahi/disantet
Turu bar ngasar – bisa gemblung
Turu kemulan klasa – diparani setan
Turu kemulan mujung – pangling sing momong
Turu malang-migung -
Turu mengkureb – pangling sing momong
Turu se enggon-enggon - diyun setan
Turu ucul-ucul kolor – megar bangkekane
…….. terus akan ditambah dan dikoreksi, menunggu sumbangan koleksi ora ilok dari pembaca. Kirimkan ungkapan ORA ILOK (sangat baik bila disertakan tafsir dan penalarannya) ke sugengzend@yahoo.com atau tulis di https://www.facebook.com/sugengzend .

Tidak ada komentar:
Posting Komentar